Header Ads

Isoopo Motivation
  • Breaking News

    Kisah 2 Bocah Mencari Ibunya, Bikin Terenyuhh....




    Aku lagi mlaku2 nang tonggo ndeso, kepethuk bocah loro sajak melas.

    Aku takon.
    Arep nang endi le?
    Sajak wedi2 nanging trus njawab.
    Arep padosi ibuku mas.
    Lha ibumu nang endi?
    Ibuku kerjo adoh.

    Lha bapakmu?
    Bapakku jarene simbah lungo...
    Lungo nang endi?
    mboten ngerti mas, ra tahu mulih.
    Kowe karo sopo saiki?
    Kulo kalih mbahku....

    Sajak mesakke, aku ulungi duit 20 ewu.
    Aku kaget sak naliko, bocah loro mau nolak.
    Aku ora entuk jaluk lan nompo duit sopo wae kecuali soko simbah, jarene ibuku mas.
    Oooo... yo ra popo, ning iki tompo yo le? Tenan ra popo, aku dudu wong jahat, kanggo jajan yo?
    Akhire aku pekso akhire gelem.
    Matur nuwun mas.

    Aku arep munggah motorku mlaku maneh...
    Ujug2 bocah loro mau, nyedaki omong....
    Mas, Taiwan iku pundi tho? Adoh mboten?
    Le, Taiwan iku adoh banget. Nopo le kok takon?
    Aku bade nyusul ibuku.....

    Aku mak deg, nangis batin, trenyuh lan loro atiku, nggrantes.
    Ealah leeee.... sabar yo? Mbesok ibumu insya Allah mulih, rasah susul, saiki mulih wae yo?
    Bocah loro mau jebule kakang adi. Akhire aku boncengke mulih omahe sing ra ngiro jebule adoh banget. Ono 10 menitan aku ngeterke numpak pit montor.
    Tekan omahe, gubug mojok, adoh omah lan cedak sawah pinggir kali.

    Kuwi omahku mas.
    Oooo... yo wis, muliho, aku lanjut yo?
    Lagi bocah loro mau mudun, aku kelingan... jarene nang omah karo simbahe, kok sepi?
    Aku banjur takon.

    Lha, mbahmu nang endi?
    Mbah uti nang omah mas, mbah sakit turu terus.
    Lha, mbah kakung?
    Mbah kakung nang sawah ngluku (mbajak pakai kerbau).
    Aku mbuh ra ngerti, rosone ati ra penak, aku mudun lan pingin weruh mbah uti sing jarene gerah nang njero.

    Tekan njero aku weruh simbah2 wis sepuh banget, turu nang dipan tanpo kemul.
    Kuru lan sayu, arep noleh nang aku sajak abot ra kuat.
    Aku nyedaki...

    Assallamualaikum mbah...
    Simbah sajak njawab nanging mung mulute obah2 ora metu surone, Aku rodo suwe nang kono, ono 15 menitan.

    Kiro2 sewulan maneh, aku ajak koncoku dolan mrono, karo nggowo jajan bocah, kemul, lan sembako sitik.
    Tekan omah kono wis sepi....

    Aku tekan latare kepetuk bocah loro lagi nggowo omber.
    Piye le? Lali aku ora?
    Mboten mas....
    Simbah ono?
    Bocah mau meneng, ndungkluk...
    Simbah pun sedo mas....
    Inalilahirojiun....

    Aku ket saiki isih getun banget, aku rumongso salah, kurang cepet olehku moro maneh. Dadi iso maringi bebungah sing tak gowo iki.

    Opo hikmah sing terkandung dalam kisah nyataku iki lur?
    Berbuat baik itu jangan menunda nunda, bila mampu segeralah berbuat!


    No comments

    Post Top Ad

    Post Bottom Ad